Selasa, 10 Mei 2011

Hangleluri Laksita Harja, Nulad Edi Endahing Budaya

ACARA PAHARGYAN RESEPSI WISUDANING TEMANTEN

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
D
humateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________ sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun
Bp ___________ netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung – langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.

poro rawuh adicoro upocoro wisudaning putro pengantin kapurwakani kanti lipinanggih temanten rinengganani ki panggrenggut busono…………………………………………mijil saking……………………
Kunjuk dumateng kipanggrenggut busono enggalo hanganti temanten putri tumuju ing sasono rinenggo. Kairing swaraning gending ketawang puspowarno

Tuladha Panyandra
Temanten Putri Kalenggahaken
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________ saha
Ibu___________
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.

Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________ tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Temanten Putri Lenggah Hangancik
Adicara Salajengipun Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya – kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.

Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman.

Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman
Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun Bp ___________ saha Bp ___________ sampun dumugi sasana ingkang tinuju nulya hanjengkaraken Sri atmaja temanten kakung, jengkaring putra temanten kakung ginarubyug para kadang wandawa binarung ungeling ladrang wilujeng laras pelog pathetbarang,
Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung
Saking Wisma Palereman
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.

Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
Tuladha Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Pasrah Temanten
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun Bp ___________ minangka sulih salirapanjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________ (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________ jumenengipun Bp ___________ ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________ ingkangsarta Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.
Tuladha Panyandra Panggihing Temanten
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.

Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
1. Landhep panggraitane,
2. Tanggap ing sasmita,
3. Susila hanuraga,

punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu – Hayom – Hayem – Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.

Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane,pinesthi dadi jatukramane. Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga
.
Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.
Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana salaminya.

Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.
Tuladha Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Sungkem
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, kadang besan sutresna panjenenganipun Bp ___________ sekalihan (besan) sampun lenggah aben ajeng kalihan Bp ___________ sekalihan (ingkang mengku gati) wonten ing sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sekalihan, ingkang piniji nglolos dhuwung panjenenganipun Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati, rahayuning sedya kasumanggakaken para-para ingkang piniji, sungkeming putra temanten sinarengan rerepen sekar macapat dhandhanggula, sumangga nun nuwun.
Tuladha Rerepen Dhandhanggula Kangge
Nyarengi Upacara Sungkem

Rama ibu kang luhuring budi
Ingkang hangukirjiwa lan raga
Kang agung pangurbanane
Paring pituduh luhur
Rina wengi tansah hangesthi
Mrih rahayuning putra
Lulus kang ginayuh
Sadaya ribet rubeda
Linambaran kanthi sabaring penggalih
Tuhu pantes sinembah.
Kadya sinendhal rasaning ati
Panyungkeme kang putra sajuga
Tumetes deres waspane
Tan kawawa jroning kalbu
Ngondhok-ondhok rasaning galih
Alon ngandikanira
Dhuh angger putraku
Sun tampa panyungkemira
Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi
Nggonira jejodhohan.



Hangleluri Laksita Harja
Nulad Edi Endahing Budaya

1 komentar: