Senin, 19 Desember 2016

MEDHAR SABDO - CONDRO TEMANTEN



CONDRO TEMANTEN

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________ sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun Bp ___________ netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung - langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara ;
1.    Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng
humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para
ingkang piniji.
2.    Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga
ingkang piniji.
3.    Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
4.    Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.
5.    Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih
winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.
6.    Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.
7.    Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke
hambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka
paran para.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun
Ibu ___________ saha Ibu ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.



1.    SOWANIPUN TEMANTEN KEKALIH SAKING SASANA BUSANA

A.   PANYANDRA TEMANTEN PUTRI KALENGGAHAKEN
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________ saha
Ibu ___________
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________ tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh - lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.



B.   ATURIPUN PANATACARA SESAMPUNIPUN SRI ATMAJA TEMANTEN PUTRI LENGGAH
Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya - kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.

Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________ saha Bp ___________ wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________ ,Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang - kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.

C.   JENGKARING TEMANTEN KAKUNG SAKING SASANA PALEREMAN
Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun
Bp ___________ saha Bp ___________ sampun dumugi sasana ingkang tinuju nulya hanjengkaraken Sri atmaja temanten kakung, jengkaring putra temanten kakung ginarubyug para kadang wandawa binarung ungeling ladrang wilujeng laras pelog pathetbarang, nuwun.

D.   PANYANDRA SOWANIPUN TEMANTEN KAKUNG SAKING SASANA PALEREMAN
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
Dhampyak - dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.


2.    PASRAH LAN PENAMPI TEMANTEN
A.   PANYANDRA HAMIWITI PASRAH TEMANTEN
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
Bp ___________ minangka sulih salira panjenenganipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________ (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).

 Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________ jumenengipun Bp ___________ ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________ ingkang sarta
Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.

PASRAH TEMANTEN
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________ (ingkang mengku gati).

Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________ (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.

Pramila ngemban dhawuh ___________ wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

B.   HANGANCIK ADICARA PENAMPI
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
Bp ___________ (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken.

ATUR PENAMPI
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.
Panjenengartipun Bp ___________ (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________ (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.
Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.
3.    UPACARA PANGGIH TEMANTEN KEKALIH
A.   PANYANDRA SESAMPUNIPUN PASRAH PENAMPI

Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu ___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.

B.   UPACARA PANGGIH
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila - ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
1. landhep panggraitane,
2. tanggap ing sasmita,
3. susila hanuraga

punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu - Hayom - Hayem - Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.

Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu kramane.
 
Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga.

Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.
Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana salaminya.

Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.

C.   WEKDAL MIRUNGGAN

Para rawuh saha para lenggah, paripurna panggihing putra temanten, ingkang punika pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika dereng paripurna, mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning penggalih kasekecakna lenggah saengga paripurnaning pawiwahan ing kalenggahan punika.

D.   KACAR-KUCUR DIPUN RAWUHI KADANG BESAN
Para rawuh saha para lenggah, sampun paripurna putra temanten anggennya netepi tatacara adat ingkang sinengker nun inggih upacara krobongan winastan kacar-kucur.
Mila awit saking punika laksitaning upacara salajengipun nun inggih rawuhing kadang besan sutresna, dhumateng ingkang piniji minangka hanganthi rawuhing kadang besan nun inggih panjenenganipun Bp ___________ sekalihan, jengkaring Bp ___________ sekalihan binarung ungeling ladrang Tirta Kencana nuwun.

E.   SUNGKEMAN
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, kadang besan sutresna panjenenganipun Bp ___________ sekalihan (besan) sampun lenggah aben ajeng kalihan Bp ___________ sekalihan (ingkang mengku gati) wonten ing sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sekalihan, ingkang piniji nglolos dhuwung panjenenganipun Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati, rahayuning sedya kasumanggakaken para-para ingkang piniji, sungkeming putra temanten sinarengan rerepen sekar macapat dhandhanggula, sumangga nun nuwun.

DHANDANGGULA SUNGKEMAN

    Rama ibu kang luhuring budi
    Ingkang hangukirjiwa lan raga
    Kang agung pangurbanane
    Paring pituduh luhur
    Rina wengi tansah hangesthi
    Mrih rahayuning putra
    Lulus kang ginayuh
    Sadaya ribet rubeda
    Linambaran kanthi sabaring penggalih
    Tuhu pantes sinembah.

    Kadya sinendhal rasaning ati
    Panyungkeme kang putra sajuga
    Tumetes deres waspane
    Tan kawawa jroning kalbu
    Ngondhok-ondhok rasaning galih
    Alon ngandikanira
    Dhuh angger putraku
    Sun tampa panyungkemira
    Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi
    Nggonira jejodhohan.

    Piwelingku aja nganti lali
    Anggonira mbangun bale wisma
    Runtut atut sakarone
    Adohna tukar padu
    Tansah eling sabarang ati
    Kuwat nampa panandhang
    Tan gampang amutung
    Dadiya tepa tuladha
    Uripira migunani mring sesami
    Hayu - hayu pinanggya.

F.    PANYANDRA PARIPURNANING SUNGKEM

Paripurna putra temanten hanggennya ngaras pada wonten ngarsanipun rama miwah ibu kanthi lulus raharja hing sambekala
.
Para rawuh saha para lenggah, titi laksana upacara salajengipun nun inggih atur pambagya yuwana saking panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati), panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) keparenging sedya badhe hangaturaken raos suka ebahing manah bingah inggih atur pambagyaharja dhumateng panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, inggih karana bombong birawaning manah ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki, pindha kajugrugan harga inten karoban seganten madu, anggenya badhe matur mboten kawiyos wijiling lesan amung kandheg wonten samadyaning jangga, sinten ta minangka talanging basa atur pambagya, tan nolyan panjenenganipun Bp. ___________ mbok bilih sampun samekta ing gati mrih rahayuning sedya kasumanggakaken, nuwun.
4.    ATUR PAMBAGYAHARJA

A.   PAMBAGYAHARJA

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bp ___________ sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga maksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.
 
Nun inggih netepi darmaning asepuh Bp___________sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr ___________ kaleksanan dhaup kallyan Bg ___________ priya tanaya panjenenganipun
Bp ___________sekalihan ingkang pidalem ing ________ ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.

Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT ___________ ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.

Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bp ___________ sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.

Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.
Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

B.   BEKSAN

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, paripurna atur pambagya yuwana saking panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) ingkang tinalang basa panjenenganipun Bp ___________ (Lurah upaminipun) kanthi ruruh hangarah prana, titi, tata, titis wijang wijiling pangandika saengga mboten wonten ingkang karempit, salajengipun ngaturi uninga bilih pahargyan prasaja ing kalenggahan punika dereng paripurna, paripurnanipun hambok bilih ing mangke sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para, mila awit saking punika mugi wontena lilaning panggalih kasekecakna lenggah, sinambi mirsani keparengipun sedya Bp ___________ ngaturaken panglipur awarni langen beksan _______________ (menawi wonten) minangka miyak sepining swasana
.
Wondene beksan - badhe katindakaken dening ________________, hambok bilih sampun samekta ing gati murih kasembadaning sedya kula sumanggakaken dhumateng kadang ingkang kepareng ngaturaken langen beksan, sumangga nun, nuwun.


C.   PANYANDRA SESAMPUNIPUN LANGEN BEKSAN
Paripurna atur pasugatan langen beksan saking panjenenganipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati) ingkang katindakaken dening kadang
 ___________ saking ___________,
wondene pangalembana miwah panyaruwe kula sumanggakaken dhumateng para rawuh sadaya.


5.    KIRAB KANARENDRAN
A.   PANYANDRA KIRAB
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, saparipurnaning langen beksan punika keparenging sedya putra temanten badhe jengkar marak sowan wonten ngarsa panjenengan winastan kirab kanarendran, badhe manjing wonten sasana busana arsa ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.

Keterangan:
Panatacara ngaturaken paraga kirab wiwit suba manggala ngantos pethiting lampah inggih rama ibu

Para lenggah, kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para ingkang piniji, jengkaring ki suba manggala sinarengan rerepen Dhandhanggula, sumangga, nun.


B.   SEKAR DANDHANGGULA KANGGE NYARENGI JENGKARING SUBA MANGGALA

1. Hanyarkara sinanggit memanis
    Hangrumpaka pahargyan prasaja
    Dahat edi sanyatane
    Sinten kang nembe mantu
    Hamiwaha atmajaneki
    Mahargya marang putra
    Ingkang sampun dhaup
    Bapak ___________
    Sekalihan kang hanggung tulus marsudi
    Budayaning priyangga.

2. Wus manunggal keblat hanyawiji
    Amrih bisa lestari widada
    Sri penganten sakarone
    Jinangkung ing Hyang Agung
    Saniskara ingkang kaesthi
    Sembada kang sinedya
    Jumbuh kang ginayuh
    Guyub rukun ing bebrayan
    Runtut atut tumekeng kaki lan nini
    Manggiha bagya mulya.
Keterangan:
Satelasing sekar Dhandhanggula kalih pada punika, manawi dereng cekap saget dipun sambung ayak - ayakan slendro 9.

6.    KIRAB KASATRIYAN

A.   PANYANDRA KIRAB
Wus dumugi unggyan ingkang tinuju, ki suba manggala gya asung dhumateng putra temanten sarimbit nulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane sri narendra lagya cangkrama kalihan ingkang garwa. (Lajeng mungel Ketawang Langen Gita Sri Narendra laras pelog pathet barang)
.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, padatan kirabing putra temanten punika dipun rumpaka, wondene rumpaka punika wonten kalih,
1. rumpaka panyandra;
2. rumpaka wedharan;

Kepareng kula ing mriki ngaturaken rumpaka wedharan, binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langen Gita Sri Narendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, mila mboten mokal lamun ta kadang ___________ piniji pinangka pangarsaning lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng para putra temanten sekalihan engeta dhumateng Gusti ingkang akarya loka, mila jejering manggala suba namung setunggal, sinambunging lampah ki suba manggala lah punika ta warnane ingkang sinebut pratiwa manggala, talang pati inggih satrya kembar pinilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku pralampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya pralampita mugi Sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri prakawis:
- Ora golek seneng nanging kudu bisa gawe senenging liyan.
- Ora golek marem nanging kudu bisa gawe mareming liyan.
-      Ora golek jeneng nanging kudu bisa njunjung asmaning liyan.

Inggih tiyang ingkang sampun saget nindakaken tri prakawis punika saget pikantuk sesebatan satriya tama ingkang abudi luhur, punika pangajabing putra temanten.
Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking kenya alit - alit ingkang ayu - ayu warnane edi peni busanane, asung pralampita dhumateng putra temanten pinangka:
P anuntun
A mrih temanten sekalihan
T ansah bisoa
A sih, asah, asuh ingkang sarta
H ayu, hayom, hangayemi

Ingkang lumaksana sawingkingipun patah sakembaran lah punika ta pinangka punjering cinarita inggih sekaring pawiwahan, tindake putra temanten sekalihan ingkang kinanthi panjenenganipun Ibu ___________ saha Ibu ___________ anggenya lumaksana tansah kekanthen asta bebasan renggang gula kumepyur pulut datan genggang sarema, sapecak mangu satindak kendel ing sedya amung meminta nugrahaning Gusti ingkang sarta nyuwun dhumateng para rawuh mugi anggennya netebi darmaning gesang ngancik ing alam madya ingkang linantaran hanambut sih sutresna susila hakrami tansah pinaringan rahayu nir hing sambekala, ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nun inggih pethanipun putri dhomas, menawi wonten ing Ngayogyakarta winastan pager hayu, menawi wonten Surakarta winastan Dhomas, dho punika kalih, emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku pralampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung, wekdal punika putri ingkang pindha dhomas namung nenem ingkang ateges nemtokaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dhurnateng putra temanten ingkang ginebeng nem prekawis inggih punika:

- Wahyaning raos hasmara nadha inggih sengseming pangucap.
- Wahyaning raos hasmara nala inggih sengseming manah.
- Wahyaning raos hasmara tura inggih sengseming sih.
- Wahyaning raos hasmara turida inggih sengseming kaprihatosan.
- Wahyaning raos hasmara tantra inggih sengseming turun.

Sawingkingipun putri kang pindha dhomas, para kadang wredha ingkang sami sarimbit kalihan garwa esthining manah amung jurung puji hastuti puja hastawa mugi putra temanten anggenipun mangun bebrayan enggal tansah pinaringan karaharjan ing janaloka prapteng loka baka.

Ingkang lumaksana sawingkingipun sri temanten sekalihan ingkang rama saha ibu pinangka jejering pungkasaning lampah ingkang ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombong birawaning manah ingkang rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekalihan ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansah manggiha raharja mulya. Wus ndungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten nulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Para rawuh saha para lenggah makaten menggah anggen kula ngaturaken rumpaka wedharan kirabing putra temanten, pangalembana miwah panyaruwe kasumanggakaken dhumateng para rawuh saha para lenggah.

B.   PANYANDRA SESAMPUNIPUN KIRAB

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten jengkaring putra temanten sekalihan ingkang winastan kirab kanarendran sampun paripurna, titi laksana salajengipun nun inggih minangka miyak swasana, keparenging sedya Bp ___________ sekalihan (ingkang mengku gati) badhe atur panglipur malih arupi langen beksan _______________ (menawi wonten) ingkang katindakaken dening kadang ______________ ingkang sarta kadang _______________, mbok bilih sampun samekta ing gati kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.

Menawi mboten wonten beksan:
Dhumateng para rawuh saha para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan saengga paripurnaning pawiwahan ing kalenggahan punika sinambi midhangetaken ungeling gangsa lokananta ingkang sampun cinandhi ing pita swara dening kadang kula panata pita swara, mugi kajumbuhna kalihan swasana nuwun

Menawi karawitan:
Dipun isi gendhing - gendhing.

C.   KIRAB KASATRIYAN II
Para rawuh saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung sasmitaa bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna keparenging sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya, kladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati sawega ing dhiri kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, kirabing putra temanten binarung ungeling ketawang Suba Kastawa, sumangga nun nuwun.
Keterangan:
1. Urutaning lampah kados kirab angka I
2. Kirabing temanten saget dipun rumpaka panyandra utawi rumpaka wedharan kados kirab ingkang angka I
3. Saget dipun sarengi rerepen
D.   SEKAR SINOM KANGGE NYARENGI KIRAB KASATRIYAN
   Mijil kang pindha narendra
    Den garubyuk para cethi
    Mancorong ponang wadana
    Pindha Komajaya Ratih
    Rinengga - rengga peni
    Gawok ngungun kang handulu
    Sinung prabawa. maya
    Hangadhang mulya sejati
    Jroning driya asung pamuji Hyang Suksma

    Pamujine mengku brata
    Meminta sihing Hyang Widhi
    Satindak lan tandukira
    Mugyantuk berkahing Gusti
    Uga muna lan muni
    Tinebihna salah dudu
    Tinuntun buditama
    Pantes tinulad pra janmi
    Pindha nata gya salin agem satriya

    Hageman satriya tama
    Pindhane sang gunungsari
    Iku kang temanten priya
    Kang putri lir ragil kuning
    Prasetya trus nyawiji
    Mrih lestari runtut - atut
    Ngesthi mengkoni putra
    Tali tresna jaman mangkin
    Dwi kang putra wus cukup rengganing krama

   Tindake sang sinatriya
    Kairing puji hastuti
    Wiraga mengku prabawa
    Mrabawani kang mriksani
    Hamemayu sesami
    Mahambeg satriya tuhu
    Yeku trah Pancasila
    Ngudi mulya lahir bàtin
    Tansah eling waspada bakti mring praja.

   Widada manggih yuwana
    Sari kang pindha narpati
    Rineksa pra wredha mudha
    Sumunar lir dewa - dewi
    Kongsi kaki lan nini
    Paminta kapranan kalbu
    Amrih bisa sembada
    Ing akhir manggih swarga di
    Wiji mulya kinarya ngrengga nagara.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sang subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken wonten sasana adi, sang suba manggala sumawana para kadang wandawa bingar jroning wardaya karana wus bangkit hangentasi karya nulya wangsul mring papanira sowang - sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga, nun nuwun.
E.   PANYANDRA SESAMPUNIPUN KIRAB II

Nun inggih para rawuh saha para lenggah, paripurna kirabing putra temanten sekalihan winastan kirab kasatriyan, ingkang punika atur uninga bilih pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika dereng paripurna, mugi nyebar ron kawis nyuwun sabar ingkang sawetawis.

Jumbuh kalihan wewangsoning para winasis ingkang sampun cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, bilih penggalih sabar punika tansah sinuyudan dening putra wayah, paripurnaning pahargyan ing mangke hambok bilih putra temanten sampun jengkar saking sasana wiwaha tama marak wonten sangajenging wiwara ngajeng pratandha cetha bilih pahargyan punika sampun paripurna, ingkang punika mugi wontena suka lilaning penggalih lelenggahan kanthi mirunggan sinambi mirsani atur panglipur saking panjenenganipun Bp __________ (ingkang mengku gati) arupi langen beksan __________ (ingkang katindakaken dening kadang __________ (menawi wonten).

Menawi karawitan:
Dipun isi gendhing - gendhing ingkang jumbuh kalihan swasana.

Menawi Tip/Cassette/CD:
Kadostuladha ing ngajeng.

7.    PARIPURNANING GATI

Nun inggih para rawuh saha para lenggah, kados sampun ndungkap paripurna lampahing tata upacara pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika, ingkang punika jumbuh kahan urut reRoncening tata upacara ingkang sampun rinakit, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala, awit saking punika tebih saking raos panundhung saking panjenenganipun Bp __________ (ingkang mengku gati) anggenipun nampi keraWuhan panjenengan kiranging tanggap, tangguh, gupuh miwah suguh mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya, jengkaring putra temanten saking sasana wisudha tama minangka paripurnaning pawiwahan, ingkang kepareng hanganthi jengkaripun nun inggih panjenenganipun Bp __________ sekalihan, jengkaring putra temanten binarung ungeling gangsa ladrang gleyong laras pelog pathet nem sumangga, nun nuwun.
Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila awit saking punika kula minangka jejering pambiwara tartamtu kathah kekiranganipun saha kekilapan labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen kula nampi wewarah mawantu - wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula.

Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.



Keterangan:
Tuladha lampahing upacara pawiwahan punika saged dipun wuwuhi utawi dipun kirangi punapa dene dipun ewahi manut miturut kabetahan tuwin kawontenan (swasana).




http://pidatobahasajawa.com/teks-pidato-pasrah-penganten-kakung.htm